RSS

Menginginkan
Mempernahkan
Mengalami
Melatihkan
Mempelajari
Mencari

Jaenal Kemalingan Wedhus

 Oleh Agathon Hutama (Anggota Teater Seriboe Djendela)

Kang Jaenal, omahe kulon kali
Gek muring-muring, wong sak RW ditakoni
Ora main-main, Kang Jaenal karo nggawa belati
"Wedhusku endi??" ujare kanthi medeni
Matane le ngulatne sajak wis siap mateni

Pancen banget sayange Kang Jaenal marang wedhuse
Wedhuse wangi merga diguyang saben esuk awan sore
Malah Kang Jaenal sing ambune prengus
Lha saben ngangsu banyune entek mung nggo ngguyang wedhus
Nganti dheke dhewe malah sok lali adus
Tanggane njuk sok bingung, endi Jaenal endi wedhus

Mula lumrah yen Kang Jaenal muntabe kepati-pati
Wedhus dirumat apik-apik, ngerti-ngerti ilang ndek wingi
Wong sak RW ra ono sing ngerti
Sapa kriminil sing nyolong wedhus kui

Dasar Kang Jaenal wonge ulet,
Ngadhepi benang bundhet pikirane mlaku cepet
Dheke njuk nyebar selebaran
Isine pengumuman
Ngabari yen wedhuse gek ntas ilang
Kanggo sapa wae sing iso ngekei titik terang,
Imbalane 200ewu, ora luwih iso kurang

Let rong dina, Kang Jaenal disowani wong tuwa
Sing teka mertamu jenenge Mbah Gondo
Sesepuh ndesa ngrangkep juru kunci kuburan
Sapa wae sing nyawang mesti segan
Lha wong priyayine kondhang sekti tenan
Jarene iso ngobrol mbek lelembut karo kewan

Mbah Gondo disuguh gedhang goreng karo teh tubruk
Banjur wiwit ngendika karo watuk-watuk
Jarene, wedhuse Kang Jaenal nate teka pamitan
Marang Mbah Gondo sing gek resik-resik kuburan
Wedhuse wadul yen dheke meh dibeleh nggo syukuran
Suk mben nek Kang Jaenal ulang tahunan
Kang Jaenal ki duwe hipertensi
Wedhuse ora tegel nyawang Kang Jaenal njuk mati
Merga mangan iwak wedhus kolesterol tinggi
Mula kui wedhuse trima minggat
Sanajan abot atine, eling nggone dirumat

Kang Jaenal mbrebes mili, banjur nangis sero tenan
Wiwit dina kui dheke ikrar meh dadi vegetarian

Mbah Gondo bungah, dikei dhuwit 200ewu
Banjur menyang pasar, karepe tuku bumbu
Tekan ngomah, gawe sunduk nggo nyate
Neng mburi omah, wedhuse Kang Jaenal jebul wis dicencang neng wit pete...